Notification

×

Iklan

Iklan

Tag Terpopuler

Teks Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa

Sabtu, 15 April 2023 | 22.34 WIB Last Updated 2023-05-26T23:30:51Z
Teks Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa

"Kesolehan Individual saha Kesolehan Sosial"
 
Oleh: Dr. KH. Tohari, S.Sy., S.Th.I, M.S.I.
Wakil Ketua PDM KP Korbid Tabligh & Tarjih


السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ  اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى  أَمَـرَنَـا أَنْ نُـقِيـْمَ الإِجْتِـمَـاعَ وَالإِتِّـحـَادَ وَالـتَّـوَدُّدَ بَـيْـنَ الْـعِبـَادِ وَنَهـَانـَا عَـنِ الـتَّـفَرُّقِ وَالتَّبَـاغُضِ وَالإبْتِعَـادِ. أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى مِنْ إِلَهٍ أَعَادَ اْلأَعْيَادَ، وَادَّخَرَهَا بِكُلِّ عَمَلٍ  فى يَـوْمِ الْـمَعَـادِ، وَأَطَالَ الأَجَالَ إِلَيْهَــا لِيَنَالـُوْا بِفَضْلِهَــا الْجَزَاءَ الْمُـؤَبَّـدَ.

أَشْهَدُ أَنْ لا إِلَهَ إِلّا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ اْلـفَـْردُ الـصَّـمَــدُ، وأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْحَـائِزُ الشَّـرَفَ فَـوْقَ اْلـعِبَـادِ، صَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الَّـذِى أَرْشَـدَنَـا اِلَى سَـبِيْـلِ الـرَّشَـادِ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ كَانُوا يَعْـتَـصِـمُـْونَ  بِشَـرِيـْعَـتِـهِ حَقَّ الْإِعْـتِمَـادِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا  كَثِيْرًا إِلَى يَوْمِ الْـمَعَـادِ ، أَمَّا بَعْدُ، فَيَا مَعَاشِرَ الْحَاضِرِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقُاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ  اللهَ قال فى القُرءانِ العَظيمِ وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَىٰ فإن الجنة هي المأوي

 وَاعْلَمُوْا أَيضاً أَنَّ  يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ  وَعِيْدٌ مُبَارَكٌ سَعِيْدٌ كَرِيْمٌ، أُحِلَّ لَكُمْ فِيْهِ الطَّعَامُ وَحُرِّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامُ.

اللهُ أَكْبَرُ, اللهُ أَكْبَرُ, اَللَّهُ اَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللَّهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلاً. اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ



Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah

  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Mangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur soho pengalembana wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala, inggih awit saking kanugerahan lan kanikmatan, langkung langkung yuswo panjang ingkang kaparingaken dateng kita sedaya sahingga enjang menika kita kaparingan saget menangi malih dinten riyadin Idul Fithri punika kanti kebak kabingahan lan kebahagiaan. Mekaten ugi anggen kita sami nindakaken kewajiban kita shiyam Ramadlan sampun pinaringan paripurna. Panyuwun kita mugi katampia sedaya amal ibadah kita saklebetipun wulan Ramadlan kepengker wonten ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amiin.

Ugi mboten kesupen, mangga kita tambahi taqwa lan tha’at kita dateng Allah kanti ikhtiyar lan mbudidaya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun lan nilar soho nebihi sedoyo awisanipun. Menopo malih ing dinten ingkang kebak rahmat lan maghfirah punika, ampun ngantos kita kotori kanti kemakshiyatan ingkang mboten dipun ridlani dening Allah Ta’ala.

  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Jamaah Idul Fitri rahimakumullah

Ramadhan, wulan ingkang kebak rahmah saha magfirah sampun nilaraken kita sedaya. Ramadhan saget kita wastani wulan “kawah candra dimuka” kagem kita sedoya. Kathah hikmah, fadhilah serta faedah ingkang saget kita pendet saking madrasah “Ramadhan” minangka bekal kagem ngadepi gesang 11 wulan ingkang bade dateng. Selama setunggal wulan, milai terbitipun fajar shodiq (waktu subuh) ngantos surupipun surya (waktu maghrib), kita dipun didik kagem meper hawa nafsu. Maem, ngunjuk, hubungan suami-istri, ingkang wonten wulan sanesipun Ramadhan hukumipun halal, wonten wulan Ramadhan kita tilaraken, seolah-olah, kados perkawis ingkang haram.

Semanten ugi saking aspek hubungan sosial, awit kita ngraosaken ngeleh, ngelak, kita lajeng anggadahi sifat mesakaken, trenyuh (empati) dateng sederek-derek kita ingkang hidup dalam keterbatasan ekonomi. Menapa ingkang kita raosaken ngele saha ngelak wonten sakdanguni siyam ramadhan, meniko ugi ingkang dipun raosaken sedulur kita, mboten namung wonten ing wulan ramadhan mawon, anganing sepanjang tahun, sebagain sederek kita tansah ngraosaken ngele saha ngelak.

  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Pramila saking menika,  paling tidak, wonten kalih pelajaran/pesan saking madrasah Ramadhan,  inggih menika:

Sepisan: Ramadhan minangka sarana kagem Tahdzibun Nafsi (bersihaken nafsu)

Hujjatul Islam, Abu Hamid al-Ghazâlî ngendika: bilih ing manungsa punika wonten sekawan sifat; tigang sifat ingkang saget nyebabken cilakanipun manungsa, satunggal sipat ingkang saged nuntun manungsa dhateng lawang kabingahan. Kapisan, sifat hayawan (بَهِيْمَةْ). Sifat bahimah menika anggadahi pertandha mbenerake sembarang cara kanggo nggayuh goal (tujuan) tanpa isin. Kapindho, sifat hewan galak (سَبُعِيَّةْ). Tandanipun sifat menika, agawe tumindak dzalim saha pengin menang pyambak, tanpa merduliaken sifat kamanungsan. Sing kuwat mesthi menang, sing ringkih mesthi kalah senajan bener. Kaping telu, sifat syaitan; inggih menika sifat ingkang ngajak dateng angkara murka, ngasoraken derajatipun manungsa kanthi nerjang wewaleripun agami.

Menawi 3 sifat kasebut luwih dominan dateng pribadi-pribadi, masyarakat utawa bangsa, bakal kedadean peristiwa sing banget mrihatinake ing tatanan sosial. Ing ngendi kaadilan bakal dipindhah dening kezaliman, hukum bisa dituku nganggo duwit, undang-undang dipesen mawi dhuwit dolar, angel mbedakake antarane hibah utawi hadiah kalian nyuap, panguwasa lali tanggung jawabe, wong ora ngerti kewajibane, kabeh panggonan bakal dadi kebak ala, lan barang becik dadi barang sing diasingake, pungkasane, ketaatan dikalahake dening maksiat lan liya-liyane.

Dene sifat ingkang saget nyelametaken kita, namung sifat rububiyah (رُبُوْبِيَّةْ); inggih menika sifat ingkang kebak keimanan, ketaqwaan sarta kesabaran. Tiyang ingkang saged ngoptimalaken sifat rububiyah wonten ing jiwanipun, tamtunipun gesangipun badhe pikantuk dening cahyaning Al-Qur’an, tindak-tandukipun dipunhiasi akhlak ingkang luhur (akhlaqul karimah). Salajengipun badhe dados manungsa ingkang muttaqin.

  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumulloh

Kapindho, Ramadhan mendidik kita supados soleh secara individual saha soleh secara sosial.

Syiyam menika minangka “riyadhah mubasyarah” (latihan langsung) kanggo ngrasakake lara lan rintihane wong kang kurang beruntung. Kita ngelih, ngelak, malah kurang turu, kabeh iku nglatih kita kanggo nuwuhake rasa prihatin dateng sederek/sedulur kita ingkang mboten beruntung. Islam ngajaraken dateng kita sedaya, supados soleh secara individual saha soleh secara sosial. Soleh secara individual, ateges kita kedah nindakaken sedaya tugas saha kewajiban ngibadah dateng Allah SWT. Anapun sholeh secara sosial, kita kedah anggadahi sifat perduli dateng sederek/sedulur ingkang, paring pambiyantu, pitulung dateng tiyang ingkang mbetahaken.

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumulloh

Gusti Allah Dawuh wonten ing surat al-Baqarah ayat: 177:

لَيْسَ الْبِرَّ أَنْ تُوَلُّوا وُجُوهَكُمْ قِبَلَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ وَلَٰكِنَّ الْبِرَّ مَنْ آمَنَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَالْمَلَائِكَةِ وَالْكِتَابِ وَالنَّبِيِّينَ وَآتَى الْمَالَ عَلَىٰ حُبِّهِ ذَوِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينَ وَابْنَ السَّبِيلِ وَالسَّائِلِينَ وَفِي الرِّقَابِ وَأَقَامَ الصَّلَاةَ وَآتَى الزَّكَاةَ وَالْمُوفُونَ بِعَهْدِهِمْ إِذَا عَاهَدُوا ۖ وَالصَّابِرِينَ فِي الْبَأْسَاءِ وَالضَّرَّاءِ وَحِينَ الْبَأْسِ ۗ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ صَدَقُوا ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُتَّقُونَ

"Kabecikan iku dudu madhep wetan lan kulon, nanging kabecikan kang sejati, yaiku wong-wong kang padha iman marang Allah, dina akhir, para malaikat, kitab-kitab, lan para nabi, sarta menehi barang-barang kang ditresnani marang sanak-sedulure, bocah-bocah yatim, wong-wong miskin lan wong-wong kang ana ing dalan (wong musafir), wong sing ngemis, lan kanggo mbebasake budak, sarta wong sing sholat lan mbayar zakat, wong sing netepi janji nalika janji, lan wong sing sabar ing kemiskinan lan kasangsaran, lan ing mangsa perang. Dheweke iku wong sing bener, lan dheweke uga wong sing taqwa."

Miturut Prof. Dr. Wahbah azzuhaili, ahli tafsir Al Qur’an saking Syiria, Qs. Al-Baqarah ayat 177 maringi pitedah bilih manungsa badhe pikantuk kabecikan ingkang sejati menawi saged nindakaken gangsal perkawis, inggih punika:

  1. Iman marang Allah, dina akhir, para malaikat, kitab-kitab, lan para nabi
  2. Menehi barang-barang kang ditresnani marang sanak-sedulure, bocah-bocah yatim, wong-wong miskin lan wong-wong kang ana ing dalan (wong musafir), wong sing ngemis, lan kanggo mbebasake budak.
  3. Nindaaken sholat lan mbayar zakat.
  4. Netepi janji nalika janji
  5. Sabar ing kemiskinan lan kasangsaran, lan ing mangsa perang

Mugi-mugi pasa ingkang kita tindakaken saged mbentuk watak saha pribadi kados ingkang kasebat wonten ing Qs. al-Baqarah ayat 117.

  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah

Wulan Ramadhan ingkang kebak rohmah, maghfiroh soho pembebasan saking neroko sampun nilaraken kita sedoyo. Ramadhan sampun paring piwulang soho pendidikan dateng kita sakdangune setunggal wulan. Wonten wulan Ramadhan kita sampun saget nindakaken tranformasi nilai-nilai beragama (having religion). Selama setunggal wulan kita saget nidakaken sholat berjamaah, tadarus al-Qur’an, qiyamul lail kanthi nindakaken sholat terawih soho amalan-malan sunnah sanesipun. Sakmeniko, kita sampun mlebet wonten wulan syawwal ingkang artosipun wulan peningkatan. Ateges, mulai wulan syawal niki kedah wonten peningkatan ibadah dibanding 11 wulan kapengker. Pramilo wonten wulan syawal meniko, kita kedah lan sampun wancinipun nindakaken “internalisasi nilai” (having relegiuos). Ateges, tugas  kita mulai wulan syawal niki,  nerusaken ibadah ingkang sampun kita tindakaken sakdangunipun wulan ramadhan,  ngantos 11 bulan ingkang bade ngajeng. Mangga tetep kita nindaken sholat kanthi berjamah, tetap maos al-Qur’an, tetep qiyamullail, sregep shodaqoh lan amalan sanes ingkang sampun kita rintis lan kita tindakaken wonten wulan ramadhan. Sampun ngantos ingkang kedadosan kosokwangsulipun. Sampun ngantos, karanten romadhan sampun pamit, lajeng kita wangsul kados kawontenan sakderengipun ramadhan. Ampun ngantos lajeng kita kendel/leren saking sholat jamaah, maos al-Qur’an soho sanesipun. Menawi meniko ingkang kedadosan, berarti kita mboten meningkat, ananging malah mengalami penurunan/mrosot. Mboten minal aidin wal faizin, ananging malah kagolong tiyang ingkang kapitunan/ merugi (minal khosirin).

Mangga kita angen-angen dawuh pangandikan Kanjeng Nabi Muhammad SAW:

إِذَا كَانَ اَخِرُ لَيْلَةٍ مِنْ رَمَضَانَ بَكَتْ السَّمَواتُ وَاْلأَرْضُ وَاْلملَائِكَةُ مُصِيْبَةً لِأُمَّةِ مُحَمَّدٍ صلى الله عليه وسلم. قِيْلَ يَارسولَ اللهِ: أَيُّ مُصِيبَةٍ هِيَ؟ قاَلَ ذِهَابُ رَمَضَانَ، فإِنَّ الدَّعَواتِ فِيْهِ مُسْتَجَابَةٌ والصَّدَقَاتِ مَقْبُوْلَةٌ وَالْحَسَناتِ مُضَاعَفَةٌ وَاْلعَذَابَ مَدْفُوْعٌ

“mewawi sampun dumugi detik-detik akhir saking wulan Ramadhan, langit, bumi soho sedoyo malaikat  sami nangis, kranten  umat Muhammad SAW bade nampi mushibah. Poro sohabat lajeng nyuwun pirso. “musibah menopo wahai Rasululloh?” Rasululooh paring wangsulan: (musibah ) sing dimaksud yoiku dzihabu romadhon “ilange wulan ramadhan. Krono ono wulan ramadhan, kabeh doa podo kinabulan (mustajab), ganjaran shodaqoh bakal ditompo, ganjaran amal kebaikan bakal ditekel-tikelaken deneng Alloh SWT lan menungso opo dislemetke songko sikso”

Hadis meniko, paling tidak mengku kalih makna ingkang saling melengkapi. Sepisan, maksud saking dawuh “langit, bumi soho malaikat menangis kranten dzihabu ramadhan” dipun artosaken secara harfiyah/ tekstual. Artosipun, ramadhon ninggalken kita meniko estu merupakan musibah. Kranten wulan ramadhan soho pinten-pinten keberkahan, keisitemewaan dan bonus ganjaran ingkang luar biasa sampun meninggalkan kita sedoyo. Meniko estu musibah.  Kapindo, lafat dzihabu ramadhan saget kita maknai/artosaken  icalipun semangat ibadah ingkang sampun kita rintis wonten wulan ramadhan. Artosipun, menawi bibar ramadhan, kita lajeng kendel/leren saking sholat jamaah, kendel saking maos al-Qur’an, niki ugi kawastanan musibah. pramilo lajeng langit, bumi soho maikat sami menangis, kranten umat Nabi Muhammad SAW. nampi musibah.

  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah

Ing pungkasan, mangga momen riyoyo idul fithri meniko kitho dadosaken kagem ndandosi hubungan kitho kalian Allah (hablum minalloh) kanthi soyo sregeb ngibadah soho nglajengaken semangat ibadah ingkang sampun kitho rintis wonten wulan ramadhan. Semanten ugi,  kitho dadosaken momen idul fitri meniko kagem apuro ing ngapuro, memperbaiki hubungan silaturrohmi kalian tiyang sepah kekalih, sederek, tetanggi soho sanesipun, sehinggo kitho sedoyo termasuk golonganipun tiyang ingkang ‘aidin inggih meniko piyantun ingkang wangsul dateng kesucian, wusono kitho sedoyo termasuk piyantun ingkang faizin, inggih meniko piyantun ingkang bejo (beruntung).
Amin ya robbal alamin.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ

اللَّهُمَّ إنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيعِ سَخَطِكَ

اللَّهُمَّ إنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنَ الْبَرَصِ وَالْجُنُونِ وَالْجُذَامِ وَمِنْ سَيِّئِ اْلأَسْقَامِ

اللهمّ أحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِي الأُمُورِ كُلِّهَا، وَأجِرْنَا مِنْ خِزْيِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ.


Taqobbalallahu minna wa minkum, shalihal a’maal, kullu ‘aamin wa antum bi khairin.